Monday, July 4, 2016

Puisi Jawa

Tresna Sliramu
Dening : Nindya Tresna Wiwitan

Kala Aku kawiwit ketemu sliramu
Dak  sangguh turu rasane
Kebayang socamu, Natap sliraku
Anggaweku dadi lingsem
Rasane penggalihku dadi seneng
Iki sing tak raosake, tresna marang sliramu
Kala sliramu ana ing cedhakku
Jantungku ndegup kenceng, Anggawe Aku miber
Kuwi enggal kawiwit tak rasakne
Kahyun  hyun Aku
Kala kawit mirsani sliramu
Wengi sunyi dak impine
Apa sliraku ana ing penggalihmu?
Petenge wengi mbentang ing ngajeng soca
Peksi pipit mabura ingkang adoh
Pirengaken ing mega babagan kuwi
Sliraku tresna marang deweke
Kangen ngraos ngancem dhadha
Kala sliramu salajeng dhateng ing impiku
Salajeng dados pitakon gesangku
Aja tresna Aku kaya lintang
Ingkang mung nyinari rina wengi wae
Aja tresna Aku kaya kembang
Ingkang kendel mekar kala musim nggantos
Tresnai Aku kaya udara
Anggawe Aku urip salawase

TELAT - ngeubah CERKAK dados DRAMA

TELAT
Wayah isuk, tepate jam 4 subuh onok arek wadon jenenge Nindya kelas XI SMA. Dheweke sholat subuh banjur sinau lan nyiapake peralatan kanggo sekolah.. Telat yaiku tembung kang dibenci kaliyan ramae Nindya.

(Ono arek TK diterno kaliyan ramane menyang sekolah isukisuk  lan ono arek SMP budal sekolah lan ngenteni sekolahipun di buka amarga sekolahipun tutup ing nduwur panggung)

Nindya :  Aku iling yen biyen ramaku mesti ngeterno Aku budal isuk  isuk

(Ujug-ujug Andre melbu kelas)

Andre :  Oi niinn ..
Nindya : Oi ndre, tekomu kok awan bangeet, ora wedi telat arek iki. Piye seh rasane budal awan iku?
Andre :  Biasa ae.
Nindya :  Lah kok biso ngunu to?
Andre : Budal awan iku seru, tapi syukur yen tutuk sekolah sadurunge bel. Tapi yen telat iku (mikir-mikir) kurang sepisan maneh wongtuoku diaturi menyang sekolah.
Nindya : Koyoke telat iku gaenak banget yo ndre, amarga isin terus pikantuk hukuman.
Andre : Yo mangkane ojo telat, engkok ramamu ngamuk hahaha”
Nindya : Yo ndaklah, Aku seumur  umur ora tau ngrasakake telat kuwi. Aku kan budale isuk gak koyok kowe.
Andre : Ndak nguruuss

(Nindya janjian kaliyan kancane nanging kancane ora teko-teko. Nindya wegah nang koncoe amarga telat janjian jam kerja kelompok)

Ing dino kang bedo, serngenge wis muncul wayah subuh.
Nindya : Waduuh, cepet banget jam e kok yowis jam 4 ae. Sholat terus turu maneh ah, awak kok rasane yo kesel kabeh watuk pilek nyerang ing dino kang podo. Remek kabeh rasane

Nindya Sholat lan dungo nganti sirahe di sanggah amarga kekeselen. Sabanjure sholat, Nindya ujug  ujug turu maneh.
Adhike Nindya :  Mbak, Ayo tangi saiki wis jam 5.45, ndang siap  siap budal. Aku
nunut.

Wayah tangi, Nindya langsung buka Hp nrimo LINE teko Caping kang isine nyampekake yen powerpoint kang dipigunaake iku bae.

Nindya : Siramo dek, mengko yen mari gentian Aku. Aku tasik ngerampungno
tugas mambengi kang durung mari
Adhike Nindya : Iyo Mbak

(Nindya ngerampungake tugas)

Bapake Nindya :  Nugas bae penggaweanmu, ayo ndang sarapan, adus, umahe ndang disapu ben ora telat sekolah

(Nindya langsung ngelakoake kabeh kang dipituturi ramane)
Adhike Nindya : Nandi se mbak iki, adus ae mung suwii banget. Saiki wis jam 6.40

(Akhire Nindya beres kabeh)
Nindya : Ayo dhek, ndang numpak revo. 5 menit maneh sekolah bakal ditutup ayo ndang numpak.
Adhike Nindya : Iyo, iki garagara mbak polae tangi awan banjur nggarap tugas maneh.

(Nindya mung meneng ae, lan nyetir sepeda buanteeeerrrrrrrr)

Wayah totok gerbang sekolah

(Adhike Nindya mudun saka sepeda)

Nindya : Dhek, sepurane yen aku salah

Parkiran sekolah wis full, Sekolahan wis sepi, Nindya langsung mblayu saka parkiran menyang lobi sekolah




NINDYA TRESNA WIWITAN  -
XI MIA 2 / 26

KATALOG MENU BALITA

  KATALOG A.       Nasi -Nasi merah -Nasi tim - Nasi tim beras merah - Bubur nasi B.       Ayam -Bola-bola ayam kuah -Siomay...