Wednesday, June 30, 2021

CERKAK BASA JAWA

 

Bocah Sekolah

Dening : Sri Ningsih

 


Dina saya sore, srengenge wis mingsek ora ngetokake sinare maneh. Manuk-manuk, kewan-kewan sing brenginging wis padha ngetokake unine. Swara adzan wis saut-sautan dikumandangake. Wong sing padha kerja wis wayahe mulih amara wis wancine istirahat. Ananging beda karo Mbah Karmanto, deweke isih ing dalan nembe mulih saka tegalan karo nggawa suket kanggo pakan wedhus sing diingoni ing omahe. Pancen Mbah Karman wis kesuwur wong sing paling sregep ing desa Rajumas. Mbah Karman duweni anak loro, lanang karo wadon. Sing wadon jenenge Ruminah lan sing lanang jenenge Jarwo. Rumijah saiki kuliyah ana ing kutha Bandung lan Jarwo isih sekolah ing SMK swasta ing kecamatan.

Ing sawijining dina mbah Karman mulih saka tegalan ngadhepna maghrib karo nggawa tela sak jabutan dibuntel ing jero suketan. Dipikul tingkluk-tingkluk lan katon sayah banget. Anake Jarwo wis arep menyang langgar arep jama’ahan lan ngaji Qur’an bareng karo kanca-kancane.“Bapak, mpun wangsul saking tegal?” pitakone Jarwa marang Bapake karo salaman ngambung astane Bapake. “iya, ndang. Mangkat ngaji sing sregep ya ben dadi panutan sing apik kanggo keluwargamu mbesok.” “nggih Pak.” Jawabe Jarwo karo lunga ninggalna Bapake sing nembe teka tegal lan bareng karo grombolan kancane marak langgar.

Ing njero omah Ibune Jarwo kang kulina diundang Mbah Mijah dening tangga-tanggane wis nyiyapake wedang kopi sing biyasane saben sore lan esuk wis cemawis ana ing meja pawon. “mpun wangsul, Pak?” pitakone Mbah Mijah marang garwane. “iya, Mbok. Sayah nemen.” “Monggo dipununjuk wedange Pak, mumpung tasih anget.”“iya,Mbok.” Karo njupuk wedange sing ana ing meja banjur disruput sithik-sitik amarga isih panas.“anu ya Mbok ora krasa yen Jarwa bakal lulus saka SMK banjur nerusna kuliyah yen Gusti Pangeran menehi ijin lan menehi dalan rizki kanggo sekolah maneh.” “nggih ya Pak, ora krasa. Ujug-ujug weh meh rampung anggone sekolah SMK. Ya muga-muga bisa nerusake kuliyah Pak, wong Jarwo nggih tasih pengen kuliyah yen tak sawang.” “iya, Mbok. Mesakke wong ijeh nduwe kekarepan sekolah maneh kok yen ora keturutan mesthi lara banget. Tapi ya piye maneh mbok, wong aku ya wis tuwa, ragad gawe nyekolahna kuliyah iku ya ora sithik. Dhewe ya ora nduwe jaminan sawah sing bisa nyukupi kanggo biayani kuliyahe Jarwo nganti mengko sok lulus.” “nggih Pak, kula ya mesakke njenengan mpun sepuh isih pontang-panting nggolek sandhang pangan kanggo nguripi keluwarga.” “ya, piye maneh mbok, wong pancen iku kewajiban sing kudu tak lakoni dadi kepala keluwarga.” “nggih mpun Pak mugi njenegan lan sakkeluwarga pinaringan sehat walfiyat supaya bisa nglampahi kahuripan ing donya kanthi sabar lan tawakal.” Sumahure Mbok Mijah marang garwane karo lunga mring Jedhing kanggo wudhu wong wis wayahe sembahyang.

Krungu swara ngaji Qur,an kang marakake adem atine sing padha ngrungokake, Ing Langgar Jarwo lan kanca-kancane ngaji. Malah Jarwo mulang bocah cilik-cilik lan wis pantes yen dadi Guru ngaji. Pancen Jarwo kuwi bocah sing cerdas babagan agama uga babagan ilmu umum.eman-eman yen deweke ora bisa nerusake kuliyah amarga ora ana ragade. “Wo, wis bar anggone mulang?.” Pitakone salah sijine kancane sing wis bar anggone ngaji. “durung, iki isih loro.” Jawabe Jarwo marang kancane. “yo wis, aku arep turon disik neg ngono.” Kancane mangsuli amarga sedina mau Praktek kanggo bakal ujian ora aso-aso. “yo, nanging aja turu wong durung isya kok, ora apik neg turu bar maghrib.” “iya, ya aja kuwatir.” Kancane njawabi maneh. Bareng wis bar anggone mulang bocah cilik-cilik banjur Jarwo nggugah Pandir sing keturon marga kekeselen. “ndir, Pandir…tangi wis isya kae lho njaba krungu swara adzan, adzan kana ben oleh ganjaran” kojahe Jarwa marang Pandir. Pandir tangi gragapan amarga kaget digugah karo Jarwo. “lho, wo aku kok malah keturon.” Kepiye aku mblenjani janji. “halah ora apa-apa, ora njarak wae kok, aku ya ngerti awakmu kesel.” Jawabe Jarwo karo mesem “hehe…iya wo sokur neg awakmu gelem ngerteni aku, pancen awakmu kancaku sing apling apik dewe.” Aleme Pandir marang Jarwo. “preeett…ah biyasa wae. Kana ndang wudhu ndang adzan jare wingi pengen adzan.” Banjur Pandir tangi cekekalan karo menyang panggon wudhu banjur adzan isya.

Sakwise mulih saka langgar Jarwo lan kancane mulih marang omahe dewe-dewe ananging bar iku deweke karo kanca-kancane kepethuk maneh ana ing angkruk cedhake langgar kanggo sinau bareng-bareng amarga ameh ngadhepi ujian sekolah uga ana ujian praktek wong sekolahe SMK. “Wo, aku tuturi ah bab iki aku durung mudeng.” Sambate Narto kancane sing siji maneh. “oh, bab iku. Aku ya durung mudeng. Nanging kene bisa sinau bareng-bareng. Ing kene iku ora ana sing luwih bisa wog pada-pada lek isih sekolah uga sekelas.” Jawabe Jarwo karo ngeti bab sing ditakonke kancane mau “halah Wo, aja ngono. Ngono ning aja ngono.” “ngono aja ngono piye? Wong pancen ngono.” Karo pada ngguyu cekikikan ora sadar yen marakke tanggane kebubregan.

Sabendina Jarwo sak kanca-kancane mesthi ana ing angkrukan karo sinau bareng lan uga guyon bareng. Karo jagongan Jarwo sak kancane gluwehan karo bakar tela sing digawa Bapakne Jarwo mau sore lan biyasane kancane uga nggawa klethikan liyane saka omahe dewe sak anane pada digawani.

**

Bareng wis padha kesel anggone sinau padha keturon ana ing angkrukan nganti ngadhepke subuh ananging biyasane bocah-bocah kuwi mau tangi kanggo sholat tahajudan ndonga marang sing Maha Kuwaos muga ujiane lancar lan lulus kanthi nilai sing apik. Nanging bengi iku Jarwo sak kancane ora padha tangi amarga kekeselen mau awan lan uga kewengen anggone pada turu karana pada gojegan terus nganti lali waktu bengi.

Esuke Jarwo lan kanca-kancane kaya biyasane mangkat sekolah bareng-bareng karo gojegan ing dalan disambi ngenteni angkutan sing marak sekolahane amarga sekolahane adoh saka omahe panggonane ana ing kecamatan Desa Harahap kira-kira 50 km an saka desane Jarwo. “Wan, kowe nglindur po piye? Kok celanamu warna coklat? Kan iki dina selasa.” “oh, iya. Walah lali aku neg iki mau dina selasa, elingku dina jum’at.” “haha..maklum kakehan tugas dadi nganti lali yen nganggo seragame gence.” “huu..isih enom wis pikun.” “halah…ora pikun ananging saking kabotan pikiran.” Jawabe Wawan karo mecengis.

**

Tibane ing sekolahan wis arep ana gurune mlebu kelas, Jarwo lan kanca-kancane telat masuk gerbang sing dijaga karo satpam. Jarwo lan kanca-kancane ntuk hukuman nyapu plataran sekolah lan buang sampah. Ananging Jarwo lan kanca-kancane malah rumangsa seneng tanpa nandhang susah sing kaya bocah liyane yen ntuk hukuman malah padha nggresula. Jarwo lan kanca-kancane rumangsa ntuk pelajaran yen mangkat sekolah kudu luwih esuk lan aja disambi guyon ing dalanan, ananging malah rumangsa ntuk ganjaran ngresiki plataran sekolah sing gawe panggonan nggolek ilmu. Ya iku bedane Jarwo lan sak kanca-kancane. “Ndir, sesuk maneh telat ya.” Ujare Pandir marang Narto. “gundulmu kuwi, telat sekolah kok maneh, nek iso yo malah mangkat esuk-esuk ngewangi Pak Bon resik-resik sekolahan ben ntuk ganjaran. Haha.” Jawabe Narto karo cengengesan. “ walah, ngono ya. Ya wis sesuk padha mangkat esuk-esuk ya karo ngrewangi Pak Bon.” “ya, neg tangine esuk kabeh lan neg niate wis temenanan ora kudu sabendina ngrewangi, ananging isa kanthi cara liya neg kepingin ngrewangi Pak Bon.” Celathune Jarwo marang kanca-kancane. “trus kanthi cara apa Wo, kene bisa ngrewangi Pak Bon tanpa mangkat esuk-esukan lan melu resik-resik?” pitakone Wawan karo di tengklengake kancane temenanan. “kene bisa ngrewangi Pak Bon tanpa resik-resik sabendina yaiku kanthi cara ora buwang sampah ing sembarang panggonan, melu njaga sembarang-sembarang sing ana ing sekolahan, sing utama njaga wit-witan sing ana ing sekolahan lan sing luwih utamane njga tingkah laku sing luwih marang sapa wae.” “oh…ngono toh.” Jawabe Pandir, Narto lan Wawan bareng-bareng. “Pancen Jarwo sakliyane pinter uga Bijaksana ya?” Ujare Pandir marang kanca-kancane. “halah, biasa wae kabeh manungsa ana kekurangan lan keluwihan. Dadi ora usah mbombong-mbombong banget.” Jawabe Jarwo marang Pandir. Saknalika iku kabeh padha guyu cekikikan lan mlaku menyang kantin sekolah amarga wetenge krasa luwe amarga resik-resik awit esuk nganti wayahe istirahat.

 

Sumber: https://yuwimaningsih.wordpress.com/author/yuwimaningsih/

Nindya Tresna Wiwitan

XII MIA 01 - 26

No comments:

Post a Comment

KATALOG MENU BALITA

  KATALOG A.       Nasi -Nasi merah -Nasi tim - Nasi tim beras merah - Bubur nasi B.       Ayam -Bola-bola ayam kuah -Siomay...